Kamis, 13 Februari 2014

GEGURITAN "ALASKU"

Alasku...
Saiki uwis ilang
Amarga dirusak manungsa

Alasku...
Saiki uwis gundhul
Amarga sajroning alas padha dibabati
Kewan-kewan, wit-witan, lan sajroning alas padha mati


Mbiyen alasku katon ijo royo-royo
Nanging saiki ora ana wujude meneh
Duh Gusti...
Mugi-mugi alasku luwih asri lan lestari
Yo para kanca padha jaga lingkungan kita
Utamane alas ing sekitare kita
Amarga alas iku paru-paru donya

Tidak ada komentar:

Posting Komentar